Social Icons

Pages

Senin, 10 Februari 2014

iki crito rodok ngawur, WOCONEN HAHA

He cah iki crito jaman cilikanku kae, naliko aku ijek neng asrama militer yonif 406/ck. Naliko aku sekolah TK kae to cah, aku menengan nanging mbedik yen guruku ngarani, haha. Tapi ngono-ngono aku tau entuk piala harapan 1 nggambar lho cah, jos to? Haha. Jaman TK kae piknike neng pantai ayah, karo neng guo opo ngono aku lali jenenge. Seng ngancani bapakku, ngepasi bapakkku ngePAM piknike (TK kartika dadi seng ngePAM yo tentara haha). Jujune to cah aku ora mabuk, cilikanku kae aku mabukan padahal. Aku wes rodok lali pas piknik TK kae kepiye, rapopo yo haha. Terus kae yo tau rombongan TK ku piknik bareng-bareng neng baturaden, numpake trek ijo tentara, waaaah sangar nda pokoke, waas wess waas wess nyalipi mobil liyo pokoke. Pas kuwi aku dikancani ramane lan biyunge (adine inyong durung ana) wah asik cah piknik keluarga tapi rame-rame keluarga liyane haha.

Bali sekolah TK biasane to cah soboku neng kompi angkutan (panggon parkire kendaraan tentara) karo neng lapangan tembak nggolek manuk, barang suwi ora bali-bali mesti biyunge bingung nggoleti njuk nesu-nesu cah, bayangna bae galake kayang ngapa biyunge inyong haha pas kuwi ramane nembe tugas nang ambon kae. Angger sore ajaran pit karo biyunge nang jalan halus (ini nama jalan yang paling halus di asrama, padahal penampakan jalannya pu tidak halus), sitik-sitik tibo, ora iso-iso numpak, biyunge inyong ora frustasi, sungguh mulia kau ibu! Naaah barang uuwis bisa numpak pit, angger mangkat TK bisa numpak pit, barang pas bali sekolahe ban pite sering bocor utawa rantene ucul, jenenge cah cilik ora teyeng ngapa-ngapa dadi bingung cah, untunge angger lewat kesehatan (semacam klinik kesehatan di dalam asrama) ana om ome sing lagi piket melasi maring inyong njuk ngewangi inyong haha alhamdulillah.

Paling terkenang kuwi pas ramane bali sekang ambon, keluarga nang asrama uwis pada heboh tuku kiye tuku kuwe, seru. Ramane inyong ngirimi inyong klambi loreng, dikon nganggo pas parade prajurit. Sore kuwe angger ora salah, sirine mobil PM uwis krungu pertanda iring-iringan uwis perek, dag dig dug nang ati uwis setaun ditinggal ramane. Iring-iringan trek wes mlebu asrama, lha parade prajurit e ana nang mburine, gagah gagah cah! Inyong bingung endi ramane inyong, deneng rupane pada kabeh, di samar raine (wajah diberi cloreng-cloreng). Ujuk-ujuk ana om-ome sing ngawe-ngawe inyong sekang njero barisan prajurit pas upacara penerimaan prajurit, lha om nana tanggane inyong ngomong ‘itu papa yan, sana lari kesana’ inyong ya angger mblayu bae marani sing ngawe-ngawe inyong. Bingung sanajan kuwi si sapa, tak takoni bae ‘om, papa mana’ e jebule disauri ‘ini papa dek’ haha kuwi ramane inyong jebul, yaaah jenenge cah cilik ditinggal ramane tugas akeh sing lali marang ramane, ora Cuma inyong, akeh bocah sing ditinggal ramane tugas pada lali marang ramane, risiko dadi putra prajurit, nanging mest duweni kebanggaan tersendiri marang ramane sing dadi prajurit kuwe, aku bangga kepada mu ayah!

Nyenengake maning angger ana karnaval 17an, inyong mesti nanggo klambi tentara lengkap karo tembak-tembakanne lan raine disamar karo ramane inyong dewek, bayangna! Mangkat numpak trek tentara bareng trek sing meh dinggo karnaval barang, ana om ome tentara lengkap karo senjatane barang cah! Seru! Seruu maksimal pokkoke!

Haaa biasane to cah angger ana taja (tamtama remaja) anyaran kuwikan kaya diospek lah, di gojlok, digebuki, disiksa entek-entekan sampek elek pokoe, tapi malah kuwi dadi tontonan sehari-hari bocah-bocah cilik sing nang asrama, bayangna ya ko lagi nonton taja sing direndem nang kolam karo digebuki nganggo kayu utawa sselang ngasi kecape pating ndlewer! Sirahe ko dijotos nganggo seng ngasi pada bocor, pokoke dudu tontonan yang sehat untuk ukuran anak-anak kecil. Tapi uniknya, anak-anak kecil diasrama yang menyaksikan hal itu sudah tau bahwa itu bukan untuk ditiru. Mereka seakan mengerti kenapa taja itu diberlakukann seperti itu. Dan anehnya banyak diantara anak-anak kecil itu justru menjadi sangat terobsesi untuk menjadi seorang prajurit, sama seperti ayahnya, termasuk aku. Padahal mereka telah menyaksikann kejamnya pendidikan militer, tapi itu tidak mempengaruhi mereka. Semangat kami, niat kami, sudah bulat, kami ingin melanjutkan jejak ayah kami. Ada diantara kami yang ditinggal ayahnya gugur dimedan pertempuran, kami tau itu sudah risiko menjadi putra prajurit. Menjadi putra prajurit dituntut untuk hidup sederhana, penghasilan mereka tidak seberapa, tetapi kami punya kebanggaan yang hanya kami yang miliki, kebanggan menjadi putra seorang prajurit. Semangat yanng ayah kami wariskan kepada kami sangat kuat, aku juga merasakan itu.

Yak oke cah cukup dulu critanya yang agak berantakan bahasanya ya haha, itu baru sekelumit kisah masa kecilku yang bagiku cukup menarik. Maaf kalo susah dipahami. haha

1 komentar:

  1. Bingung cari Situs Poker Terpercaya ??
    Sering kalah? lebih sering deposit dari pada wd??

    Solusi Terbaik Buat Member Yang Sering Lose !!
    Pokers128(dot)com

    Buktiin Sendiri Main Di Pokers128 !

    Bisa Main Dari HP !!
    Support IOS & ANDROID

    7 Games Dalam 1 User_ID

    Menangkan Jackpot Harian S/d Puluhan Juta
    Jackpot Global Ratusan Juta

    Minimal Deposit Sangat Terjangkau !!
    Rp 10,000

    Withdraw Diproses Super Cepat !
    1menit s/d 3menit

    JANGAN TUNGGU DAN JANGAN RAGU LAGI UNTUK MENJADI SEORANG PEMENANG DAN DAFTARKAN DIRI ANDA SEKARANG JUGA DI WWW.S1288POKER.COM

    Info lebih lengkap,silahkan hubungi CS 24/7 kami melalui :
    PIN BBM : 7AC8D76B
    WA : 08122221680
    Twitter : @S1288POKER

    BalasHapus

 
Blogger Templates